Information Product

Monday, March 14, 2011

ONTRAN-ONTRAN ING AFRIKA LOR LAN TIMUR TENGAH

Akhir-akhir iki kerep krungu pawarta, yen ing negara-negara Afrika Lor, kayata Mesir, Tunisia, lan Aljazair akeh rakyat kang padha dhemo kepengin njongkeng presidhene supaya mundur. Malah rakyat ing negara Mesir lan Tunisia, sawise ngadani dhemo kurang luwih setengah sasi, wis klakon njongkeng presidhene saengga padha mundur saka jabatane. Kedadeyan ing Afrika Lor mrembet nganti tekan negara tanggane kayata Libya lan negara Timur Tengah, kayata Bahrain kang sadurunge uga adhem ayem. Malah ing negara Libya, Moammar Khadafi sing wis kuwasa suwene 41 taun, padha numpes rakyat sing lagi ngadani dhemo. Akhire nganti tekan saiki, wis luwih saka wong sewu nemahi pralaya utawa tiwas.

Ewa semono, isih akeh panguwasa utawa presidhen sing durung gelem padha leren saka jabatane sawise padha didhemo rakyate. Malah rakyat sing padha dhemo dianggep makar lan dadi klilipe panguwasa. Kamangka, akeh-akehe yen panguwasa suwe anggone njabat, sabanjure banjur lali mikirake rakyate. Tundone, rakyat padha kleleran, akeh wong nganggur, tetamba ing rumah sakit larang, adoh saka urip makmur. Dene sebageyan pejabat ing sacedhaking presidhen uripe tansaya mulya lan kepenak. Cekake, yen panguwasa suwe anggone njabat, korupsi tansaya ndadra, suwalike rakyate uripe kleleran.

Kanthi anane ontran-ontran kang saiki lagi dumadi ing Afrika Lor lan Timur Tengah kudune bisa dadi kaca benggala tumrap para panguwasa sing wis kuwasa puluhan taun supaya padha sadhar enggala cepet mudhun. Amarga yen nganti rakyat njongkengake dhewe, iku pratandha panguwasa wis ora disenengi lan adate anggone mimpin negara ora kasil. Pancen, dadi panguwasa iku kepenak, apa-apa keturutan. Anak keturunane uga bisa mulya nganti pitung turunan. Nanging yen nganti lali lan nglalekake rakyate, bisa-bisa drajate wis ora diajeni maneh, lan iku alamat cilakaning dadi wong urip.

Teks oleh : Suwandi
Ilustrasi oleh : Sartono

NGGOLEK BENERE DHEWE

Unen-unen kasebut cocog banget kanggo nggambarake kahanan ing wektu iki. Ora mung neng negarane dhewe, nanging uga bisa kanggo nggambarake kahanan ing jaban rangkah (luwar negri). Kabeh padha umyeg, udur-uduran golek menange dhewe. Ora mung ing masalah politik, nanging uga ing masalah olahraga. Masalah politik ing Indonesia nganti wektu iki terus udur-uduran, kaya-kaya ora ana enteke. Sawise lerem kasus Bank Century, kang wis nganti disetujoni tekan rapat hak angket, nyatane ora rampung-rampung. Saiki wis kasusul maneh masalah mafia pajak, sing gagal diusulake ing hak angket. Underane, kabeh sing padha ngusulake digawa menyang hak angket utawa sing padha nolak hak angket, padha nduweni alesane dhewe-dhewe sing kabeh mau mesthi wae bener tumrap sing ngomong. Nanging sejatine, akeh rakyat sing padha ora mudheng kabeh mau. Rakyat Indonesia lumrahe ora dhong apa sing diomongake ndakik-ndakik dening para wakile rakyat mau. Ngertine rakyat, golek rejeki lan mangan gampang.

Malah, sawise kasus mafia pajak ora sida mlebu ing hak angket, pehak parte sing rumangsa dikhianati ngojok-ojoki pamarentah supaya nyopot mentri sing nyengkuyung hak angket masalah mafia pajak. Sepisan maneh, kanthi omong sing ndakik-ndakik, saben pehak padha mbela awake dhewe sing rumangsa bener. Rakyat kerep digawe bingung, sejatine padha ngomong ndakik-ndakik kuwi kanggo sapa. Nyatane nganti tekan saiki isih akeh rakyat sing padha kaliren, golek pangan angel. Durung maneh sing padha sambat amarga ragad kasarasan ing rumah sakit tansaya larang.

Semono uga ing masalah olahraga, kisruh ing PSSI tansaya ruwet. Kabeh pehak rumangsa bener. Sing sepihak rumangsa bener cocog karo aturan, dene sing sepihak rumangsa bener mbela rakyat sing seneng olahraga. Dene ing manca negara, kisruh uga isih tetep makantar-kantar ing negara Libya. Presidhen rumangsa bener lan nganggep pehak mungsuh sing arep njongkeng presidhen. Suwalike rakyat uga rumangsa bener lan nganggep presidhene kesuwen njabat lan ora menehi kalodhangan marang rakyat liyane, utawa kanthi alesan-alesan liyane. Ora mung kuwi, ing negara-negara liya, sing jenenge kisruh uga ora ana entek-enteke. Pancen, akeh wong pinter iku, yen ora bisa ngendhaleni hawa nepsu, dadine mung padha padudon nggolek benere dhewe. Tekan kapan ya padudon mau bisa lerem. Mesthine yen kabeh manungsa wis padha ngrumangsani kaluputane. Mung emane durung akeh sing padha ngrumangsani. Dadine ya nunggu sajelehe mesthine.